Jumat, 25 November 2016

Study Tour Nang Bali



 STUDY TOUR ING BALI

Pas wektu sore ameh mahgrib, aku lan kanca-kanca sakdurunge mbalik ning hotel jalan jalan nyusuri bibir Pantai Kuta. Tujuane jelas, rep nonton srengene mudun utowo sing beken ning Bali istilahe sunset. Aku yo penasaran, jane koyo opo sunset ning Bali iku. Lakyo srengenge ki lak yo ngono kae tho, nandi-nandi mustine wujude podho.

Nangin cerita lucu iki udu mergo sunset. Ceritane, iki aku pas pengen foto karo latar belakang pemandangan ombak. Nah, pas kui ake pengen foto karo yangku. Dadi, kudu ana sing moto. Aku menga mengo kiwo tengen ora ana wong. La iki sing motokke sopo, aku bingung.

Delalahe ana wong liwat. Nanging, kui wong bule. Yowes, tak pekso pekso ngomong boso linggis jaluk tilung kon motokke aku karo yangku.

“Eskusmi, kan yu help mi tu tek a pictur?” omongku karo plengas plengus. Lah, bulene mung meneng. Opo ki radong wonge, opo iki dudu bule Amerika, Inggris, Australia, ojo ojo iki bule Afrika. Lah, radong boso linggis nuh. Pie iki, opo aku ngomong nganggo boso isyarat?

“Yo kene tak fotone,” saure bulene.

Weladalah, tibae iso ngomong jowo. Pie tho iki. Tibae, bule iku mahasiswa pertukaran pelajar soko Australia. Wonge mrene khusus belajar Bahasa Jawa. Malah tambah kanca iki, bulene yo lagi plesiran ning Kuta. Wah kebetulan iso omong-omong akeh tur tak kon ngajari boso linggis.

NAMA: -HERDIANA N. XII IPS 2
            -INDASAH ILMA. XII IPS 2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar