Dening Tangkisan Letug
Aku jan blas ora ngira. E ladalah, dina iki kok ketiban beja temenan. Sikilku sing jumangkah dolan tekan dhusun Lemahireng lha kok bisa nggawa patemon karo sing wis suwe dadi impenku, yaiku Wulan. Wulan ora mung dadi jeneng sing manis, nanging uga dadi jeneng sing wis tinulis kanggo sukmaku. Wulan ya rembulan, ya garwaning surya.
“Kang, aku uga kaget temenan lho. Lha kok awake dhewe bisa ketemu ing kene. Ora ngira yen Bu Duwarti kuwi ya isih bulikmu. Kamangka panjenengane ya bulikku lho. Saiki ora susah wigah wigih maneh ya, aku bisa nyebat panjenengan saya raket maneh. Kang Letug.” Wulan mbukani tembunge kanthi swara sing manis banget ing kupingku. Lha kepiye ora manis, ya pancen wis suwe aku ora ketemu dheweke. Kurang luwih meh sepuluh taunan.
Praupane Wulan isih kaya mbiyen. Alus lan manis. Apa maneh yen wis ngudhar tembunge. Bisa-bisa aku bakal ora bisa turu seminggu.
“Wulan, lah kok kowe iki lho, manismu ora ana enteke kawit dhisik. Gek apa ta rahasiane?” aku ora bisa nyimpen apa sing ana ing atiku. Lan Wulan malah saya tambah seneng krungu tembungku.
“Ah, Kakang iki lho. Ya mung merga aku ora suwe ketemu karo Kakang kuwi. Lha yen kerep ketemu mengko rak bosen ta.” Tangane Wulan wiwit njiwit pundhakku.
Adhuhhhh, rasane wis kaya diuncalake ana ing papan sing dhuwur banget, ya digawa mabur karo sing jenenge Wulan. Ah… iya, aku digawa mabur mlebu ing jagading rembulan karo lageyane wanodya ing sangarepku.
Aku banjur kelingan dhek jaman cilik. Aku seneng dolanan wayang lan ndhalang ing kamarku. Wulan mesthi ora adoh saka kothak wayangku. Crita favorite Wulan yakuwi lakone Abimanyu Gugur. Pipine Wulan bisa nganti
klebus kebag luh. Basaku dak gawe saapik-apike kanggo nyandra patine Abimanyu. Banjur tembang Megatruh dak tembangake. Lan swasana dadi saya sedhih.
klebus kebag luh. Basaku dak gawe saapik-apike kanggo nyandra patine Abimanyu. Banjur tembang Megatruh dak tembangake. Lan swasana dadi saya sedhih.
Nanging aku luwih kepranan marang pasedulurane Gathotkaca lan Abimanyu, sing jan raket banget. Tresanane Gathotkaca marang adhine, ya Abimanyu ora kena diukur nganggo ukuraning wong biyasa. Mulane, mbareng krungu yen Abimanyu gugur, aku luwih kepranan marang swasana atine Gathotkaca sing kelangan. Gathotkaca kelangan kadang sing paling ditresnani. GAthotkaca kelangan sedulur sinarawedi. Mlebu ing atine Gathotkaca, aku kaya mlebu ing swasana petenging dina tanpa surya, wengining wengi tanpa ana lintang rembulan sing jumedhul. Ing loronging ati mung ana swara nguruh medhep marang kersaning Pangeran sing
akarya dumadi.
akarya dumadi.
Tanganku banjur wiwit ngusapi luh ing pipine Wulan. Wayang-wayang banjur dak kukuti, dak lebokake menyang kothake maneh mbaka siji. Saben sijining wayang kaya-kaya nggawa sejarahing manungsa sing kebag misteri. Saben praupane wayang kaya nggawa gegambaraning wataking manungsa saiki. Saben swaraning wayang kaya nggawa swaraning ati sing tan kena tiniti. Saben banjaran tokoh wayang kaya mbuka banjaraning urip manungsa.
O, yen para pemimpin bangsa ngerti nas-nasing wayang purwa! O, yen para pemimpin agama ngugemi kawicaksanan sing jero ing kana! O, yen para utama wani ngilo marang korban dhirin pra satriya kaya Gathotkaca! O, yen para elit bangsa tansah nimba urip ngudi tata tentreming manungsa saka wayang purwa!
Ah, lamunanku! Saiki sangarepku mung ana wayang urip siji, ya Wulan. Oh eba senenge jagad gumelar, yen ta akeh wong padha nemu Wulane dhewe-dhewe. Wulan kuwi panjangakane batin sing teka lir gumilir. Wulan kuwi panjangkane zikir sing kaya angin sumilir. Wulan kuwi thukuling nas kanggo wong sing tan kendhat laku pikir. Wulan kuwi padhanging budi marang wong sing tansah ngudi nguri-uri nuranining batin.
“Wulan, yen esemmu wis kaya ngono kuwi, aku janne bisa lali sakabehe lho. Aja suwe-suwe ya olehmu gegondhelan pundhakku, mengko mundhak katon saru dideleng wong-wong ing kene, ing dhusun Lemahireng.”
Aku lan Wulan mlebu ngomah, ngombe teh panas, sinambi mangan krecek tela sing gurih banget.
Tolong ringkasan cerita dari ketemu wulan ing lemahireng
BalasHapusTolong unsur intrinsiknya dari cerita ketemu Wulan ing lemahireng
BalasHapusUnsur instrinsiknya
BalasHapus