Bocah Pengadol Koran
Dening :
Cindy Rosalina & Suryaningsih
Neng sisih wetan, srengenge durung katon. Embun nang esuk
iku krasa adhem banget. Alam isih dikemuli embun esuk. Sawong anak ngontel
sepedane neng tengah dalan sing isih sepi. Sapa sih bocah kuwi? Dheweke yaiku
sawong pangadol Koran, sing nduwe jeneng Dani.
Kawit gebug lima esuk, dheweke wis ketuk neng panggon agen
koran saka pirang-pirang penerbit. “Jupuk pira Dani?” Takon Bang Kirun.
“Biyasane wae.”Jawab Dani. Bang Kirun njupuk sacacah koran lan majalah sing
biyasa digawa Doni kanggo langganane. Sakwise buyar, dheweke banjur mangkat.
Dheweke nekani pelanggan-pelanggan setiane. Saka siji omah menyang omah liyane. Ngonoa pagawean Dani saben dinane. Ngenterne koran marang para pelanggane. Kabeh kuwi dikerjakne dheweke kanthi seneng, ikhlas lan rasa kebak tanggung jawab.
Pas Dani lagi ngayuh sepedane, dumadakan dheweke dikagetke karo siji barang. Barang kesebut yaiku bungkusan plastik arupa ireng. Dani dadi ndredek. Barang apa kuwi? Dheweke ragu-ragu lan rumangsa keweden amarga akhir-akhir iki kerep kedadean peledakan bom nengendi-endi. Dani kuwatir barang kuwi yaiku bungkusan bom.

Nanging akhire, dheweke nyoba mbukak bungkusan kesebut.
Katon neng jero bungkusan kuwi ana siji kardus. “Wah, apa isine ini?’’ pitakone
neng njero ati. Dani cepet mbukak bungkusan kanthi ngati-ati. Kagete dheweke,
amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo liyane. “Wah apa ini?”
Pitakone njero ati. “duwe sapa, ya?” Dani molak-walik ali-ali lan kalung sing
ana neng jero kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga ana kertu kredit neng
jerone. “Lho,…iki duwe pak Alif ta, Meskae pisan pak Alif , rupane dheweke wis
kemalingan.”Batine neng njero ati.
Apa sing dikiraknekne Doni kuwi pancen bener. Omah pak Alif wis kelebonan maling mau bengi. Amarga maling kesebut kesusu, bungkusan panganggo sing wis dikumpulake dheweke tiba neng ndalan. Dani kanthi cepet ngandani pak Alif. Dheweke nyeritoke apa sing kedadean lan dheweke temokake. Ebo senenge pak Alif amarga panganggo duwe bojone wis bali. Dheweke bersyukur banget, panganggo kuwi tiba menyang tangan wong sing jujur.

Dadi ucapan matur nuwune, pak Alif menehake modal marang
Dani kanggo mbukak kios neng omahe. Saiki Dani ora kudu ngontel sepedane maneh
kanggo bebakulan koran. Dheweke cukup nunggu panuku teka kanggo mblanja.
Lagekne kanggo ngirim koran lan majalah marang pelanggane, Doni digantekne saka
sedulure sing kabeneran durung nduweni pagawean.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar