Jumat, 25 November 2016

Kok Asin



KOK ASIN

     DENING: ELVINDA FITRIANI & SLAMET DANI GINANJAR
      Pengalaman iki tak alami nalika seminggu wingi yaiku mati lampu. Omah kabeh podo peteng dedet,wektu iku kanca-kanca pada ngumpul nang omahku kabeh. Arep ngrembug acara pengajian ing desae kene meneh,lha kok ndelalah mati lampu,tepak aku ora duwe lilin amarga ora ngerti nek ape mati lampu. Kanca-kanca pada umek dewe-dewe lan tak kongkon ngenteni  nang ruang tamu soale aku ape menyang toko tuku lilin. Sakwise tekan tuku lilin aku langsung menyang mburi nyumet lilin karo gawekno kanca-kanca teh.
     Wektu aku balik menyang ruang tamu,panggonane kanca-kancaku kumpul,kabeh wes lagi mbahas  pengajian sesok desember,yaiku acara pengajian Maulid Nabi. Kanca-kanca pada ngerembug persiapan acara pengajian kanggo meneh. Wektu tak sumanggakno teh e nang kanca-kanca lan gowo liline jarene
YULI”walah ora usah repot gawekno teh barang”
AKU”gak opo-opo lha wong teh ae”
     Pas dicicipi ndelalah lah kok teh e krasa asin,aku kaget lan kanca-kancaku pada guyu kabeh perkara teh e krasa asin. Wektu tak icipi tibake asin tenan dak kira kancaku mbijuki aku,aku langsung njaluk sepura nang kanca-kanca,jebul mau sing tak aduk ambi teh berarti uyah dudu gula. Wektu iku aku menyang mburi maneh ganteni teh sing krasa asin iku mau. Mari tak ganteni sing anyar aku luweh ati-ati wektu gawe teh e,gula lan uyah pada tak pendeleng ben ora keleru maneh. Teh e langsung tak sumanggakno nang kanca-kanca tibane krasa enak lan pas. Aku lan kanca-kanca ngelanjutno ngerembug acara pengajian sing dijalakno karo kanca-kanca karangtaruna lan remaja masjid,ndahnio bungahe atiku meneh yen tiba wektu acarae. Pengalaman iki mau tak dadekna crita cerkak sing lucu banget.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar