Dening : Airlangga Wisnu
Murti (1) lan Edi Prasetyo (7) / XII IPS 2
Jenengku
Luffy utawa luwih lengkape Alexander Luffy Anggara . Aku salah sijine siswa ning
SMA Indahraya , salah siji SMA swasta ing kuthaku sing luwih apik tinimbang SMA
liyane , lan manggon ana kelas XII F ,
kelas sing muride paling gak diakoni ning sekolahanku alias dianggep kelas
buangan . Kelas iki diarani buangan merga murid – muride rata – rata anake wong
ora duwe lan dianggep bodho kaya kebo . Tapi , ora mesti sing dikira buangan
iku ora bisa dadi apa – apa . Iki sapenggale crita ngenani kelasku .
Kelas
XII F . Mari krungu jenenge kelasku , meski sing ngrungokake jelas ngguyu sajak
ngece , “ He , cah buwakan! Kowe lapo ana kene?! Elingo , awakmu iku murid
kelas buangan . Dadi ora usah gembul karo kene iki” . Saben krungu iku mau
atiku langsung panas lan pengen njotos lambe sumur iku mau . Tapi , apa
posisiku neng kene ? Aku iki mung anake satpam bank biasa sing isa sekolah kene
merga beasiswa miskin saka panggonane bapakku kerja . Aku ora isa ngelawan
begundal – begundal sing manggon ana kelas liya , apa maneh kelas XII A sing
luwih dhuwur derajate tinimbang kelasku , sing saben dina ngreceki lan nguras sangune kanca – kancaku . Aku iki
mung kelas XII F , ora duwe daya kanggo ngelawan , protes , utawa nglaporna iku
mau nang pihak sekolahan . Tapi , aku lan kanca – kancaku mung isa sabar lan
pasrah . Ora ana gunane ngelawan begundal – begundal kelas XII liyane sing rata
– rata anake pengusaha terkenal lan pejabat sing mungkin bandha donyane asale
saka korupsi dhuwite rakyat .
Tapi ,
eling – elingen omonganku siji iki : AJA TAU NGEREMEHNA KELASKU . Ya , eling –
elingen omongan iku mau . Merga apa ? Merga saktemene , aku lan kanca – kancaku
iku luwih pinter lan apik tindak tandhuke tinimbang kelas liyane , apa maneh
kelas XII A . Aku nguwasani 2 basa , yaiku basa Inggris lan basa Jepang . Meski
basa Jepangku rada pedhot – pedhot , tapi iku isih luwih apik tinimbang bocah
ing kelas liyane sing rata – rata ora tau isa ngalahna biji ulangan basa
Jepangku lan kanca – kancaku . Sakliyane aku , kanca – kancaku rata – rata
kapinteran luwih dhuwur tinimban bocah kelas XII A . Ana Nami , anake tukang
kayu sing ahli ana bidang geografi , apa maneh geografi kelautan , lan tau oleh
juara 1 Olimpiade Kelautan tingkat provinsi sing dieloki lewat jalur mandiri ,
terus ana Niko , anake guru SD honorer sing tau dadi juara 2 Olimpiade Sejarah
tingkat nasional ing Batavia , lan sapanunggalane . Sakliyane prestasi , akhlak
lan tindak tandhuke kelasku , mungkin luwih apik tinimbang kelas XII A . Meski
anake wong mlarat , tapi aku lan kanca – kancaku ora tau nglakoni apa – apa
kaya nyolong , tawuran , mendem , dugem , seks bebas , narkoba , lan sakliya –
liyane . Malahan sing biasane kena kasus iku mau mesti kelas sing luwih dhuwur
tingkate . Tuladhane , kaya kasus sing ngeneki bocah jenenge Raymond saka kelas
XII A sing wong tuwane pengusaha properti paling sugih sak kuthaku iku tau
nglakokake bisnis narkoba antar sekolahan , utawa Alex saka kelas XII B sing
tau kena kasus tabrak lari nganti korbane tilar donya lan tau ngancem
keluargane korban ben ora nglaporna awake nang polisi . Tapi , pihak sekolahan
nyoba nutup – nutupi kasus – kasus iku mau lan ora menehi sanksi sing tegas
marang bocah sing tau kena kasus . Dadi , ora mesti apa sing diarani kelas
buangan iku muride tingkah polahe kaya setan lan bodho kaya kebo , lan ora
mesti apa sing diarani kelas unggulan utawa elit iku muride tingkah polahe suci
kaya pandhita . Meski mlarat , kene isih nduwe akal kanggo mbedakna endi sing
elek lan sing becik .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar