Jumat, 25 November 2016

Kepinginan



KEPINGINAN
Kula aletta, umur 17 taun. Kula sekolah ing SMA sing ana ing cedhake kampung kula. SMA punika, terkenal apik kualitase lan duweni fasilitas kang lengkap. Dinten iki , kula mboten sekolah amargi saiki dinten minggu, kula badhe mlaku-mlaku ing dalan kampung kula, banjur kula ketemu Rista, rencang lawas kula.
Rista niku apik, pinter tur nurut marang wong tua . wektu ula tanggleti, “sampean niku badhe nerusake sekolah meyang pundi?” takon ku, “aku badhe nerusake sekolah ing universitas Indonesia sing ana ndek Jakarta iku loh !” jawabe.
Terus kula niku mirik-mikir, “ kok iso rista niku kajenge sekolah runu, pikirane ngunu iku kaya apa ya ?” batin ku. Saumpama kula duwe pikiran kaya rencangku niku pastine kula bakalan nerusake sekolah wonten universitas sing paling apik wonten Indonesia, supaya uwong tuaku bisa bangga marang kula.sakliyane iku kula badhe mbuktikake marang wong-wong kabeh,nek kula niku bisa sukses lan bisa nyaingi rista rencang lawas kula niku.kula mboten gelem di remehake marang wong katah.
Dina-dina selanjute kula sekolah kaya biasane , kula sekolah kanthi sregep kangge nyiapaken ujian-ujian sing bakal kula adepi . syukur kula bisa ngerjakaken ujian kanthi lancar . wektu pengumuman nilai, kula seneng banget soale ,kula oleh nilai paling apik. Akhire kula bisa mbuktekaken marang wong katah lan sampun gawe uwong tua kula seneng.
Sabanjure kula mulih meyang ndalem kula. “ibu arep takon, apa awakmu pingin nerusake sekolahmu ?” takone ibu.  “saktemene nggeh bu, nanging kula ngerti yen kula mboten saget nerusake sekolah amargi mboten duweni biaya lan luwih becik kula kerjo mawon”.jawabku.  “syukur nek awakmu bisa ngerti. Satenene ibu yo kepingin ndelok awakmu sekolah maneh, nanging ibu bisa apa. Adhikmu yo isih cilik”. Jelase ibu.
Sakwise iku kula mutusne kerja wae, nanging ana dherek kula sing menehi informasi menawi universitas sing bisa kuliah lan kerja, nanging universitas punika yaiku universitas swasta ora negeri, nanging ora apa. Kula banjur daftar lan alhamdulillah bisa ke terima ing kunu. Dina-dina selanjute kula isuk kerja lan bengi kuliah. Kula bersyukur bisa bayar dewe kuliah kula nganthi lulus S1 tanpa nyusahake uwong tua kula. Amarga kuliah kula apik , kula di angkat dadi asisten dosen ing universitas punika.


1.      Maria Krisnanti / XII - IPS 2 / 19
2.      Nia Yussanti / XII - IPS 2 / 21

Tidak ada komentar:

Posting Komentar