Sabtu, 26 November 2016

Menyang Bali



Menyang Bali

Sak derenge menyang bali, kula nyiapaken barang-barang yaiku, klambi sepasang lan cemilan, alat shalat kale sabon sikat. Kula bidhal ngempal ing sekolah jam 05.30. bareng ngempal kabeh bisku bidhal jam 07 luwih.
Wiwit pertama yaiku menyang kampus UNAIR C . ing kampus dikumpulaken ten ruangan kabeh ngempal ing mriku kelas ipa lan ips campur dados setunggal. Manton d wenehi tentang kampus UNAIR langsung bidal menyang bali perjalanan menyang bali mampir ing masjid agung amergi shalat kaleh maem. Sak mantune langsung nglanjutake perjalanan menyang pelabuhan ketapang sak mantune nyebrangi laut langsung perjalanan menyang tanah lot lan maem isuk ing rumah makan agung bali sak mantune kula bidal maleh menyang bajra sandi ten mriku menyang musium, ten bajra sandi 1 jam. Terus bidal maleh menyang dream land ten mriku 1 jam panggonane indah sanget. Sak teruse menyang karang kurnia ten mriku yaiku maem bengi lan lan blonjo blonjo klambi, lan liya liyane. Sak wise blonjo yaiku langsung menyang hotel  pop dewi sri . ten mriku leren antri ten lobi mendet kunci, sak wise mendet kunci langsung kula lan konco kamarku menyang kamar hotel. Ten mriku kula langsung siram sak mantune langsung tilem.
Isuk kula tangi terus siram sak mantune langsung sarapan ten hotel. Terus bidal numpak angkut menyang pantai kuta. Sak teruse menyang joger, blonjo ten mriku yaiku  klambi lan liya liyane. Sak mantune menyang joger kula menyang hotel lan langsung nglanjutaken perjalanan menyang wisata bedugul. Ten mriku 1 jam. Sak mantune langsung mantok. Leren ten pelabuhan sak mantune yaiku nedha, lan sak mantune nedha langsung nglanjutaken perjalanan mantok, leren riyen ten bondowoso tumbas tape kinten kinten jam 04.30. isuk sampun ndugi griya. kula disusul  ibu. Ten griya kula langsung tilem.

NAMA : 1. INDRY WAHYUNI (15)
                2. RENA OKTAVIA (24)

Jumat, 25 November 2016

Bocah Pengadol Koran



Bocah Pengadol Koran
Dening : Cindy Rosalina & Suryaningsih

Neng sisih wetan, srengenge durung katon. Embun nang esuk iku krasa adhem banget. Alam isih dikemuli embun esuk. Sawong anak ngontel sepedane neng tengah dalan sing isih sepi. Sapa sih bocah kuwi? Dheweke yaiku sawong pangadol Koran, sing nduwe jeneng Dani.

Kawit gebug lima esuk, dheweke wis ketuk neng panggon agen koran saka pirang-pirang penerbit. “Jupuk pira Dani?” Takon Bang Kirun. “Biyasane wae.”Jawab Dani. Bang Kirun njupuk sacacah koran lan majalah sing biyasa digawa Doni kanggo langganane. Sakwise buyar, dheweke banjur mangkat.

Dheweke nekani pelanggan-pelanggan setiane. Saka siji omah menyang omah liyane. Ngonoa pagawean Dani saben dinane. Ngenterne koran marang para pelanggane. Kabeh kuwi dikerjakne dheweke kanthi seneng, ikhlas lan rasa kebak tanggung jawab.

Pas Dani lagi ngayuh sepedane, dumadakan dheweke dikagetke karo siji barang. Barang kesebut yaiku bungkusan plastik arupa ireng. Dani dadi ndredek. Barang apa kuwi? Dheweke ragu-ragu lan rumangsa keweden amarga akhir-akhir iki kerep kedadean peledakan bom nengendi-endi. Dani kuwatir barang kuwi yaiku bungkusan bom.
Nanging akhire, dheweke nyoba mbukak bungkusan kesebut. Katon neng jero bungkusan kuwi ana siji kardus. “Wah, apa isine ini?’’ pitakone neng njero ati. Dani cepet mbukak bungkusan kanthi ngati-ati. Kagete dheweke, amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo liyane. “Wah apa ini?” Pitakone njero ati. “duwe sapa, ya?” Dani molak-walik ali-ali lan kalung sing ana neng jero kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga ana kertu kredit neng jerone. “Lho,…iki duwe pak Alif ta, Meskae pisan pak Alif , rupane dheweke wis kemalingan.”Batine neng njero ati.

Apa sing dikiraknekne Doni kuwi pancen bener. Omah pak Alif wis kelebonan maling mau bengi. Amarga maling kesebut kesusu, bungkusan panganggo sing wis dikumpulake dheweke tiba neng ndalan. Dani kanthi cepet ngandani pak Alif. Dheweke nyeritoke apa sing kedadean lan dheweke temokake. Ebo senenge pak Alif amarga panganggo duwe bojone wis bali. Dheweke bersyukur banget, panganggo kuwi tiba menyang tangan wong sing jujur.
Dadi ucapan matur nuwune, pak Alif menehake modal marang Dani kanggo mbukak kios neng omahe. Saiki Dani ora kudu ngontel sepedane maneh kanggo bebakulan koran. Dheweke cukup nunggu panuku teka kanggo mblanja. Lagekne kanggo ngirim koran lan majalah marang pelanggane, Doni digantekne saka sedulure sing kabeneran durung nduweni pagawean.